Skip to Content

Bocah Angon (3)

Foto muhammad salim

BABAK 3

 

:

Panggung sepi. Level 2 terdapat property meja dan kursi. Background terdapat cermin gantung.

Suasana menggambarkan keadaan dikantor kelurahan. Pak Lurah keluar menuju ke level 1.

MONOLOG

 

 

Lurah

:

E … dadi LURAH… yo ora nduwe PAMONG

Yo wis

Mergawe dewe

 

Sambil membersihkan meja dengan sulak

 

:

Nha piye maneh,

Pancen desane ora nduwe BENGKOK

Yo ora ono sing GELEM dadi pamong

Sak jane ngono sing kepingin dadi yo AKEH

Tahun wingi wae sing ndaftar 30 uwong

Tapi UJIAN kok ora ono sing lulus…

Kuwi lho sing tak NGGUMUNI

Mboh…

Aku mikir pendudukku iki yo melok bingung

Nha mosok wong 30 kok ora ono sing puinter salah sitok

Nggarai bakate kabeh podho

Bakate dadi MODIN kabeh

Nha piye…

Mosok ujian nilaine agama 90 kabeh

Bareng pengetahuan umum 40…50…

Yo ora lulus…

Tapi yo pancen ora kenek disalahno…

Marai sing nggawe pertanyaan yo ora MUNASABAH

Mosok pertanyaan kok kon ngitung piro akehe RT sak Kabupaten

Kuwi isek lumayan

Nha munggoh pertanyaane…

Piro akehe TENGER ning kuburan sak Kabupaten

Lak KEPOR-KEPOR no sing njawab

E …

Yo wis tak rangkep kabeh

Yo dadi KEBAYAN

Dadi KAMITUWO

Dadi  JOGOBOYO

Sing seneng kuwi nek wayahe MANGANAN

Lurah ngrangkep dadi MODIN, dadi oleh berkat dobel.

Lumayan dikarak

 

Lurah berpindah dari level 1 ke level 3 

 

:

E … ngilonan sik cah

Yah ene iki wayahe ono penduduk sing butoh bantuan

Ko nek Lurahe katok kumus-kumus lak yo saru

 

Lurah menuju ke cermin, bergaya sebentar, kemudian kembali lagi ke posisi awal di level 1 

 

:

Bocah-bocah iki NENDI toh…

Nduwe anak buah 2 wae nha ora ono sing kenek di JIBNO

Sing sitok, angger opo-opo sakithik SEPURANE

Sing sijine angger ape opo-opo mesti takon APE OPO AKU

Nha bayarane njaluk MUNDAK wae

Wis mboh…

 

Tidak berapa lama kemudian, kedua Satpol PP itu menghadap Pak Lurah

Satpol PP 1

:

Pak Lurah … (dengan nada setengah berteriak)

Lurah

:

(Sampil mengacungkan kepalan tangan)

Hayo …

Nha takon AKU APE OPO toh…

Satpol PP 1

:

Lapor, Pak

Lurah

:

Lapor opo…?

Satpol PP 1

:

Ape lapor opo aku mau, Pak?

Lurah

:

Lha…

Rak tenak toh…

Mbuk kolo-kolo kuwi utekmu dideleh ning bathuk…

Ojo  dideleh ning dengkul …

Dadi ora pandek takon pe opo…. Terus

 

Kemudian pak Lurah bertanya kepada Satpol PP 2 

 

:

Ape lapor opo…?

Satpol PP 2

:

Sepurane, Pak…

Lurah

:

Iki yo ngono menisan …

Pandek sepur…wae

Sing jelas…!

Nek pe lapor nha lapor

Ojo PRUNDAL-PRUNDUL

Satpol PP 2

:

Sepurane , Pak Lurah …

Iki mau ono bocah angon ning taman

Terus NLETHONG

Ora gelem ngakoni

Ngono lho, Pak Lurah

Sepurane …

Lurah

:

He …

Bocahe NLETHONG …?

Satpol PP 2

:

Sepurane, Pak Lurah…

Wedhuse sing NLETHONG

Satpol PP 1

:

LHA…

Maksudku yo kuwi, Pak Lurah …

Aku mau lali …

Lurah

:

PREEEE…TTTT

Saiki endi bocahe?

Gowo rene!

Satpol PP 1

:

Ayo…kono nang maju (sambil mendorong gembala kea rah Pak Lurah

Nha ngaku …!

Lurah

:

Kowe sing NLETHONG…?

E … kliru …

Maksudku wedhusem sing NLETHONG…?

Nha karepem piye kok moh ngakoni

He ...?

Gembala

:

Nha wong sing NLETHONG ora aku leh, Pak Lurah

Kok aku sing kon  ngakoni

Lurah

:

Tapi kuwi wedhusem

Artine kuwi dadi tanggung jawabem

Gembala

:

Nha mau yo wis tak kandhani leh, Pak Lurah

Tak penging NLETHONG

Tak Penging NGUYOH

Nha dek’e ora ngandel kok

Lurah

:

Ehm…

Lehmu SABLENG

Nek kenek mbuk tuturi jenenge lak ora wedhus

Wedhus kuwi mono kewan

Kewan kuwi ora ndenger TATA JANMANE menungso

Wong angon kuwi kudu iso ngarahno opo sing diengon

Dadi nek kowe angon wedhus yo kudu ngawasi sak polahe wedhus

Ojo sampek mincik marik-marik

Ojo sampek mangan tandurane wong liyo

Nek kiro-kiro ape nyenggut tandurane wong liyo yo digepuk

Ojo sampek kowe sing ketiban masalah mergo ora iso dadi wong angon

BEGITU …

MUDENG …?

Gembala

:

Nha terus saiki piye, Pak Lurah?

Lurah

:

Nha kok piye …?

Yo saiki wedhusem tak sita

Sebagai tersangka sing melanggar aturan

Gembala

:

Pak …Pak …

Kasihanilah DAKU, Pak…

Kuwi jagane aku sunat, Pak

Lurah

:

Yo wis…

Karena aku Lurah yang baik hati dan tidak sombong serta rajin menabung …

Kesalahanmu dino iki tak maafkan

Tapi nek sesuk kowe melanggar maneh

Terpaksa wedhusem tak sita

Tak gorok ditempat

Wis saiki nha muleh

Satpol PP…!

Satpol PP 1

:

Piye, Pak Lurah …?

Lurah

:

Nha kono …

Kembali berjaga

Demi  keamanan, keadilan dan kesejahteraan umat manusia

Ha…Ha…Ha…

Satpol PP 1

Satpol PP 2

:

SIAP

LAKSANAKAN, PAK LURAH

Satpol PP 1

:

Ayo, baris …!

SIAP ……………………………….. GRAK …!

MENGHADAP NGAREP……. GRAK…!

 

:

BRANGKAT ……………………………………………………….

BABAK 3 SELESAI

 

tamat

Komentar

Tulis komentar baru

Materi isian ini bersifat rahasia dan tidak ditampilkan ke publik.


Terpopuler Hari Ini

Sebulan Terakhir

Terpopuler