Skip to Content

PRIHATIN

Foto muhammad salim

Murkiyem   :

(Menggendong bayi, sambil mengayun-ayun pelan, ke kiri dank e kanan serta mendendangkan tembang jawa)

 

Tak LELO…, LELO…, LELO… LEGUNG

Pepujanku kudangane biyung

Tak lelo…, lelo…, lelo… legung

Mbesuk gedhe dadiyo wong agung

Le…,

putraku. . . !

Biyung karo bapakmu iki wong sing BODHO.

Dadi sukmben nek sekolah sing pinter yo, le.

Ojo koyo bapak biyungmu iki.

Ora ngerti RENGKONG.

 

Pairun        :

(Hhmm, hhmm, hhuk. . . hhuk . . . ! )

Lagi ngopo toh, Bu’ne ?

SURUP-SURUP ngene kok Si-Tole gak ndang dijak mlebu.

Ko nek SAWANEN lho!

 

Murkiyem   :

Iki lho pakne…,

Lagi NGUDANG Si-Tole.

Tole iki lak KUDANGANE dhewe toh pak’ne

Muga-muga tole iki…

Mben gedhene bisoho dadi bocah sing PINTER.

Ora koyo pak’ne karo biyunge

BODHO ra ngerti UCENG

 

Pairun        :

Iyo bune,

Dadi wong tuwo bisane mung DEDUNGO.

Mugo-mugo biso NGRUMAT anak kanti bener.

Iso nggedek’ake,

Iso minter’ake

Ojo nganti ANUT dalane wong tuwane.

E…paribasan GEPENG ILIR, Bune

Angger anake biso dadi pinter

Wong tuwo mung biso nyengkuyung

 

Murkiyem   :

Yo MUGO-MUGO wae, Pakne…

Awak dhewe iso dadi wong tuwo sing iso ngrumat anak

 

Pairun        :

Jane ngono..

Anake awak dhewe iki PIRO toh bune?

Murkiyem   :

He…??!! (dengan terkejut dan suara setengah berteriak)

Jane ngono, sampeyan kuwi NGIPI…, po NGLINDUR toh Pakne?

Lha wong anake dhewe kok takon piro akehe.

Kuwi opo yo lumrah?

 

Pairun        :

Lha wong aku yo ora tahu ngitung toh, Bune

 

Murkiyem   :

Lha masiyo ora tahu NGITUNG Pakne,

Wong anake dhewe

kok nganti lali piro,

Lak yo KEBANGETEN toh Pakne..Pakne

 

Pairun        :

Lha Bune yo ngerti dhewe,

Aku saben dino ora tahu muleh teko sawah.

MBANDEK ora ono lerene,

Kanggo golek sandang pangane Bune karo bocah-bocah.

Budal SUBUH, muleh surup BLEDHES.

Kadang-kadang yo nganti tekan ISYAK.

Lha endi sempat ngitung bocah-bocah toh Bune….

 

Murkiyem   :

NGONO yo NGONO Pakne,

Tapi yo ojo ngono toh..

Kok sampek lali piro anak dhewe

 

Pairun        :

Wetengku kok LESU, Bune.

Bune masak OPO?

 

Murkiyem   :

Jangan KATES Pakne,

Karo iwak PIRIK.

Kae lho tutupan KEKEP.

 

Pairun        :

Bune.., Bune.

Ben dino kok jangan KATES… terus,

Iwak PIRIK…, terus.

Tak rasak-rasakno kok koyo mangane KUCING, Bune.

 

Murkiyem   :

Ora usah kakehan SOLAH toh Pakne!!!

Lha wong sampeyan dhewe yo wis ngerti

Onone sing kenek dipangan yo kuwi.

Athik nha parik’an

Lha arep MILEH opo?

Becek pitik?! Iwak bandeng?!

Nha LEREN Pakne!!!

 

Pairun        :

E… yo kolo-kolo kuwi jangan TERONG

Po jangan TEWEL ngono lho Bune

 

Murkiyem   :

Lha olehe TERONG, po TEWEL, kuwi lho Pakne teko ngendi.?!! Lha mbuk yo mikir.

 

Pairun        :

Mosok Yu NGATRI toh Lik JAH ora nduwe Terong po Tewel Bune?

 

Murkiyem   :

Mbuk kon NJALUK?!

Njaluk kuwi lak nek PISAN toh pindho leh Pakne.

Mosok ben dino kok njaluk.

Sing dijaluki kuwi lho BOSEN

 

Pairun        :

Lha pancene isone lagek NJALUK toh Bune.

Lha suk mben nek wis iso TUKU,

Toh wis iso NGEWENI lak yo ora njaluk maneh, leh, Bune..

 

Murkiyem   :

Wis…!!!

Ra sah kakehan parik’an.

Gelem yo kuwi, ra gelem yo wis.

 

Pairun        :

E… yo wis

timbang lesu.

Kates-kates yo rapopo.

Onoke pancen kates, yo mangan kates

Luwung …

 

Murkiyem   :

Dadi wong SUSAH kuwi yo sing prihatin leh Pakne.

Butuhan ora mung mangan thok.

SAMPEYAN ora melok ngrasakno

Piye rasane NGUBENGNO butuhan cupet.

Jajane anake dhewe.

Urung maneh sedelok kas iki wayahe NYEKOLAHNO

 

Pairun        :

Yo Bune sing pinter-pinter toh Bune.

Sing jenenge JAJAN kuwi mau yo rondok dicegah

Nek mbadaki jajan ben dino yo dadine koyo ngene iki.

KATES terus

 

Murkiyem   :

Pisan pindho kenek dicegah, Pakne.

Jenenge bocah cilik lak yo melet bature.

Wong tuwo lak yo sak’ake leh Pakne,

Nek anake melet, ngawasi koncone nyekel jajan

Pairun        :

Yo nek ngono,

BAKULE jajan wae kanadani

Ojo oleh mider rene

 

Murkiyem   :

Kuwi lak karepe Pakne dhewe.

Wong bakul kok ora oleh mider.

 

Pairun        :

Lha terus PIYE leh Bune?.

Lha nek bakule jajan SEDINO mider rene PING PITU

Lak njajan ping pitu??!!

 

Murkiyem   :

Yo ora ngono, Pakne.

Ngono kuwi jenenge ape nggawe PERKORO

 

Pairun        :

Lha terus piye leh Bune?

 

Murkiyem   :

Arep MIDER mrene yo wis ben.

Yo anake dhewe wae sing DIDIDIK ojo pandek njajan terus

Wis, Pakne ndang MANGAN kono. Wis dalu.

Ndang isirahat. Sesuk MBANDEK ning sopo, Pakne?

 

Pairun        :

Nggone Pak Kaji SUKIR, Bune.

 

Murkiyem   :

Yo, wis. Aku tak nurokne si-tole

 

Kemudian Pairun membuka penutup nasi dan menuang nasi ke piring. Namun belum sempat ia makan, tiba-tiba

 

Triman       :

Bapak…Bapak…

 

Pairun        :

Opo Man!

 

Triman       :

Lagek TEKO iyo, Bapak?

Pairun        :

Lha ketoke wis gek mau toh lagek?

 

Triman       :

Nek ketoke yo wis gek mau

 

Pairun        :

Ono opo?

Kok ngajak badhehan barang?

 

Triman       :

Aku jarenem ape mbuk SUNATNO, Bapak!!!

Suk KAPAN Bapak…???

SESUK iyo Bapak…???

 

Pairun        :

He…!!!

Nha kowe kuwi urung sunat no…???

 

Triman       :

BAPAK iki piye, leh.

Nha MOSOK nek aku bar sunat kok njaluk sunat meneh leh, Pak…

Anane aku njaluk sunat KUWI yo mergo aku URUNG sunat

 

Pairun        :

Ora usah sunat lalah leh, CUNG.

CINO-CINO kae ora sunat yo ora geniyo-geniyo

 

Triman       :

Kae lak CINO leh, Pak.

Nha sampeyan lak PAIRUN. Ora CINO

 

Pairun        :

Yo nek ngono suk mben wae.

Ngenteni nek ono SUNATAN MASSAL

 

Triman       :

Eh…, Pak.

Ape sunat wae kok ngenteni nek ono sunatan Massal

Nha onoke suk KAPAN…???

 

Pairun        :

Suk mben lak ono toh, Man!!!

 

Triman       :

Nha nek gak ono lak ora sunat???

 

Pairun        :

Ono…, ono…

 

Triman       :

Toh tak sunatane dhewe, Pak..???!!

 

Pairun        :

Heh…!!

Karape dhewe !!

 

Triman       :

Nha wong, bapak yo ora ndang disunatno aku kok

 

Pairun        :

Wis MBOH. Takon Mak’em kono.

Aku LESU. Ape magan

 

Triman masuk. Pak Pairun berniat ingin melanjutkan makannya. Namun belum sempat ia mengangkat sendoknya, dari arah belakang tiba-toiba muncul anak Pak Pairun yang lain

 

Kursin        :

Pak’e…

 

Pairun        :

Opo meneh, Sin..??!!

 

Kursin        :

Aku tukokno CLONO karo KLAMBI, Bapak…!!

 

Pairun        :

Opo..?

KOWE kuwi kok onok-onok wae!!

 

Kursin        :

AGI toh, Pak’e…!!

 

Pairun        :

Bapak iki KATOK. Tak mangan DHISIK

 

Kursin        :

Tapi TUKOKNO yo Pak’e…, Yo!!

Sing rupane IRENG karo IJO

Sing ono gambare DEWI PERSIK Pak’e Yo…!!!

 

Pairun        :

Ora sing NGONO,

Clono karo klambi kuwi ape mbuk gawe opo leh, Sin?

 

Kursin        :

Nha JARENEM, Kang Triman ape mbuk sunatno leh, Pak’e..?

Nha aku yo kepingin nganggo klambi ANYAR no,

Nek Kang Triman sunat.

Iyo Pak’e..?

Ape NANGGAP opo leh, Pak’e..?? SINDIR iyo??!!

SINDIRE sopo Pak’e..??

WANTIKAH..?, toh MIRAH..?, Pak’e

Pak’e… (dengan suara setengah berteriak)

Kok ra mbuk badak’i leh Pak’e aku…?

 

Pairun        :

Dikandani aku KATOK, LESU, ape mangan kok nrecet wae

Aku ORA pe nyunatno Triman

Kok nangggap SINDIR barang.

Dhuwik gambar AWU nggo nanggap sindir?

 

Kursin        :

Nha nyunatno KANG TRIMAN leh, Pak’e…!!

Nha nanggap SINDIR

Koyo KAJI DASMIN kae lho Pak’e

Nha aku tukokno klambi karo clono anyar

Kuk Pak’e lak oleh anjengan leh, Pak’e

 

Pairun        :

KEMINTER…!!!

Nanggap sindir anggitem trimo disembelehno TEWEL..?

 

Kursin        :

Nha iki piye, Pak’e..?

Aku ora sido mbuk tukokno kalmbi karo clono tenan iki ..??

Awas nek Pak’e njaluk pijet..!!

 

 Belum selesai perbincangan antara Pak Pairun dengan Kursin, dari arah belakang muncul anak Pak Pairun yang lainnya

 

Tarsih        :

KOWE ape ditukokno CLONO karo klambi iyo Kang Kursin..??

Pak..

Kang Kursin ape mbuk TUKOKNO clono karo klambi iyo ,Pak’e..?

Nha AKU mbuk tukokno opo, Pak’e

Aku tukokno SAYAK ABANG Pak’e yo ..!!

 

Pairun        :

Tobat…!!. Tobat…!!

Ora, Sih…!!!

Sing ape nukokno klambi Kursin kuwi SOPO…

Nha TURU kono lho…!!!

Aku tak mangan…

Wetengku lesu ...!!!

 

Kursin        :

Tarsih ora usah lalah leh, Pak’e

Tarsih iseh cilik wae kok

Suk mben wae lho Tarsih tukokno

Nek bar aku

 

Tarsih        :

Ojo pilih kasih leh Pak’e…!!!

Nek Kang Kursin mbuk tukokno yo aku tukokno leh…

Aku yo anakem leh, Pak’e…

 

Pairun        :

Ora, nduk…

Ngandhel omongane Pak’e leh

 

Tarsih        :

IYO..

Mau jarene Pak’e ape nyunatno Kang Triman ngono kok,

Trus ape nukokno klambi Kang Kursin karo clono anyar

Ape nanggap SINDIR barang …

Iyo, leh…?

Athik pe DIBODHONI aku …

 

Kursin        :

Kowe ora USAH leh, Sih

Kowe iseh cilik wae kok

 

Tarsih        :

PENAK temen …

Nha nek kowe ditukokno aku yo njaluk leh

 

Kursin        :

Kowe SUK MBEN wae lho

Nek wis bar sunate Kang Triman

 

Tarsih        :

Emoh…

Emoh…

Athik mbuk mbelingi aku

Nek kowe ditukokno pokoke aku yo kudu ditukokno

 

Pairun        :

Bapak iki ora nduwe duwik, Sih

Ojo meneh kok nggo nukokno klambi anyar

Wong tuku LAYAH anyar wae ora kelar ngene kok

Delok toh…!!!

Capile Pak’e iki lho

rojat-rajit ora karuan ora kelar tuku ngene kok

(sambil menunjukkan caping bambu yang sudah rusak parah)

Sing ape nyunatno Triman yo sopo…

Lha kok malah ape nanggap SINDIR barang

Ojo ceblang ceblung toh nek omong

Krungu tonggo-tonggo mundhak diguyu

Nambah isin.

 

Kursin        :

Mbadak’i Pak,

Aku wae, Pak

Ben nangis lalah

Dek’e iseh cilik wae kok

 

Pairun        :

KOWE iki MENENG leh, Sin!!!

(dengan nada setengah membentak Kursin)

Ora, Sih…

Mbadak’i Kursin

Sing ape nukokno clono karo klambi anyar yo sopo

 

Tarsih        :

Nha MAU…

Kang Kursin kok jare ape ditukokno klambi anyar…???

IYO leh..?!

 

Pairun        :

Iyo,

Kursin mau njaluk nukokno klambi karo clono

Tapi Pak’e iki ora nduwe DHUWIK, Sih

Dadi KABEH yo ra ono sing ditukokno

Kowe yo ORA, KURSIN yo ora

Nha takokno mak’em kono leh, nek ora ngandel

ANAK dikandani wong tuwo kok ora ono sing gelem NGANDEL

Kono…!!!

Takon mak’em ning njero kono

Aku tak mangan…!!!

Bune…           (berteriak memanggil istrinya)

Iki lho…!!!

Anak’em iki lho…!!!

 

Murkiyem   :

Ono OPO toh, Pak’ne

Aku lagek ape nurok’no THOLE iki lho

Ndang MANGAN lak yo ngono

Sego, jangan, yo wis cemepak KABEH ngono kok

 

Pairun        :

Iki lho…!!!

Anak’em iki lho…openi!!!

Ora iso mangan aku

 

Murkiyem   :

Piye leh, Pak’ne…AH

(Bu Murkiyem keluar sambil menggendong Thole)

Wong mangan wae kok ora iso kuwi sing ngrepoti yo sopo

Wong kursin karo Tarsih yo ra ngrewoti ngono kok

 

Pairun        :

Ora ngrewoti tapi NGRUWETI

 

Murkiyem   :

Ngruweti PIYE?

Wong enak-enak LUNGGUH ngono kok

 

Pairun        :

Iki lho anak’em..!!

NGRUWETI pikir

Awak pegel, weteng lesu, urung kober mangan

Malah dibentelno kon nukokno klambi anyar, clono anyar, sayak anyar

Mau Triman yo ngono

UJUG-UJUG njaluk disunatno

Sing Kursin njaluk nanggapno sindir

Bangsane dhuwik GODHONG toh piye..

 

Murkiyem   :

Yo sing SABAR toh, Pakne

Ngono wae kok terus menesu

Ora usah KENCENG-KENCENG

 

Pairun        :

Kok ora menesu kepiye

Aku iki katok Bune

Nek awak wis KATOK, ditambahi pikiran SUMPEK

Masihi Bune lak yo menesu toh, Bune

 

Murkiyem   :

IYO…

Tapi yo ora usah mbek PETHENTENGAN koyo ngono

Kuk nek thole KLAGAR iki lho..

Wis, saiki, Pak’ne ndang mangan

(kemudian Pak Pairun kembali melanjutkan makannya)

Kowe mau njaluk opo leh, Sin..??

 

Kursin        :

Njaluk opo leh, Mak..?

Njaluk clono karo klambi iki lho, Pak’e nha srengen kok

 

Murkiyem   :

Lha wong kowe yo ngerti dhewe

Pak mu kuwi ora nduwe DHUWIK

Jagane MANGAN sesuk wae urung ono

Kok malah NJALUK clono anyar karo klambi anyar

Lak yo  penting MANGANE toh timbang klambine

Wong kowe yo wis nganggo KLAMBI ngono kok

 

Kursin        :

Nha wong jare Pak’e ape nyunatno kang Triman leh, Mak…

Nha jare ape naggap SINDIR..

Mosok nek nanggap SINDIR kok nganggo klambi amoh leh, Mak…mak…

Yo saru leh…, Mak

 

Murkiyem   :

Kok ape nanggap SINDIR barang kuwi lho, Sin…

Sing dienggo dhuwik OPO …?

Duwik KREWENG..??

Nha mosok PAYU…???

 

Kursin        :

Nha KAJI DASMIN kae yo nanggap sindir ngono leh, Mak

Nha kae pas nyunatno DARMADI kae

 

Murkiyem   :

Lha wong KAJI DASMIN kok ape mbuk tutno

KAJI DASMIN tuku segoro kelar kok

Opo maneh nanggap SINDIR wae.

Kowe yo ngono PISAN, leh, Man..

Kok nggugupi njaluk SUNAT barang

Isek cilik kok njaluk sunat mundak malah KECENTHET

Ra iso modhot kowe

 

Pairun        :

Rungokno kuwi,

Bayi-bayi kok NGGEGERI,

Ngatur wong GERANG

 

Triman       :

Nha kanca-kancaku yo wis dho sunat kabeh leh, Mak

Wong nek pas adus ning kali ngono kae,

Aku di nggo wadan-wadanan leh, Mak..

Jare aku anake SINGKEK kawuk

 

Murkiyem   :

Nha kok diwadani singkek kawuk mergo piye..?

 

Triman       :

Yo MERGO aku urung sunat dhewe kuwi leh, Mak.

Umume sing ora sunat kuwi lak anak’e SINGKEK, leh, Mak

Nha aku lak anak’e Pairun kawuk

Athik ora sunat

Dadine yo diwadani cino kawuk kuwi

 

Pairun        :

Sopo sing madani..??!!

Anak’e sopo..??!

Endi omahe..??!!

Tak LHARAGANE..!!

 

Murkiyem   :

SIK, toh, Pak’ne…

Iki OPO toh…

Wong urusane bocah CILIK kok ape melok-melok.

Ora nduwe ISIN.

Urusane bocah cilik yo ben dai urusane cah cilik

Urusane awak dhewe sakiki…

piye carane anak’e dhewe iki ora digawe wadanan kanca-kancane

 

Pairun        :

Nha carane piye, Bune..?

 

Murkiyem   :

Perkarane lak mergo Triman iki urung sunat, leh, Pak’ne

Carane yo…

Triman disunatno

Ben gak diwadani kanca-kancane

 

Pairun        :

Terus…

Sing kon nyunati sopo..?

 

Murkiyem   :

Lha kok sopo…

Lha yo calak toh mantri leh, Pak’ne

Opo Pak’ne iso nyunati..?

 

Pairun        :

Yo ra iso

 

Murkiyem   :

Lha iyo

Lha nek Pak’ne ora iso nyunati,

Yo ben disunati calak toh Mantri

 

Pairun        :

Nha terus …?

Sing mbayari sopo…?

Murkiyem   :

Lha yo Pak’ne toh..!

Mosok kok aku,

Wong aku yo ora cekel dhuwik

 

Pairun        :

LHA yo kuwi maksudku…

Nek sing digawe MBAYAR kuwi ono, Bune…

Ora masalah, masiyo sunat sakiki yo ora popo

MASALAHE sing digawe ongkose calak kuwi ora ono Bune…

Onone yo mung KARAK karo GAPLEK

MOSOK calak gelem mbuk ongkosi KARAK toh, Bune

Nha nek manyrine gelem mbuk ongkose GAPLEK yo rapopo. Disunatno saiki

 

Murkiyem   :

Terus piye, Pak’ne..?

 

Pairun        :

Yo, EMBOH

Pikir kono..!!

 

Murkiyem   :

Piye, Pakne..

(berfikir sejenak)

Yo nek ngono koyo jarene Kursin mau wae, Pakne

Awak dhewe nanggap sindir wae, Pakne

 

Triman       :

Asyik….

Sunat…sunat…

Sunat…sunat…

 

Kursin        :

Asyik …

Klambi… klambi …

Clono …clono …

 

Tarsih        :

Asyik …

Sayak …sayak …

Sayak …sayak …

 

Murkiyem   :

Meneng, toh ..!

Ono wong tuwo rembugan kok usrek wae

 

Pairun        :

He…!!!

Bune iki wis KENTHIR…, po KRANJINGAN..?

Lha gawe NGONGKOSI calak wae ora ono

Onone mung KARAK karo GAPLEK

Kok malah ngajak nanggap SINDIR

Ngono kuwi yo ora kenek dinalar toh Bune…

 

Murkiyem   :

Lha engko sing anjeng karo buwuh lak akeh, leh, Pakne

Lha kuwi sing digawe ngongkosi Calak

Piye, Pakne…?

 

Pairun        :

Terus sing pe dienggo ngendhek SINDIR kuwi lho Bune…, opo…?

Lha kok ngejibno wong ANJENG karo BUWOH

Iyo nek ono sing anjeng..?

Kok koyo awak dhewe iki tahu anjeng toh buwuh

Wong Bune nek ono wong tutur-tutur yo bawadan gering

Sing bawadan panas, bawadan ngglinting

Ben ora dienggok’i

 

Murkiyem   :

Yo semoyo toh, Pakne

Mosok SINDIRe disemayani nek bar gawene kok ora gelem

 

Pairun        :

SEMOYO…?!?!

Iyo Sindir kuwi anggite Bune tukang MINDRINGAN

Ora nduwe saiki disemayani sesuk kenek

Nanggap sindir kuwi yo kudu DIBAYAR ning ngarep, Bune

Nek ora ngono yo ora gelem BUDAL

 

Murkiyem   :

Nha terus piye leh, Pakne..?

Nek Triman diwadani batur-baturane lak yo sak’ake leh, Pakne

 

Pairun        :

HALAH…

Diwadanai yo wis…

Meneng wae…

Diwadani ora KROWAK wae kok

 

Murkiyem   :

Nek GAPLEK mbek KARAK kuwi di dol oleh dhuwik piro, Pakne..?

Urung oleh jagane panjer SINDIR..?

 

Pairun        :

Kowe kok pandhek SINDIR wae leh Bune…Bune

Mau jare bune ngajak sing PRIHATIN

Opo onone uripe wong mlarat dilakoni

Lha saiki kok NGEDUYU ngajak nanggap sindir

 

Murkiyem   :

Nha terus PIYE, leh, Pak’ne…

Yo sak’ake Triman, leh, Pak’ne

 

Pairun        :

Yo, masiyo njaluk sunat lalah…

Yo ora usah njaluk nanggap sindir barang leh, Bune…Bune

Nek mbuk garap ngene  

Aku aluk SEMAPUT wae, Bune

(kemusian Pak Pairun mulai sempoyongan, dan kemudian jatuh pingsan)

 

Murkiyem   :

Lho…

Pak’ne…!!

Pak’ne ojo semaput toh, Pakne…!!

Di jak rembugan kok malah semaput

Pak’ne…!!

Pak’ne…!!

 

Tarsih        :

Pak’e…

Pak’e…

Triman       :

Bapak …

Bapak …       

Kursin        :

Pak’e…

Pak’e…

 

Tarsih        :

Pak’e kenek opo, Mak…?

Pak’e …

 

Triman       :

Piye iki Mak’e…?

Bapak, Mak’e…?

 

Kursin        :

Pak’e kok sema’ut, Mak..?

 

Murkiyem   :

Ngene iki sing NGGARAI yo KOWE wae ijehan

Sing njaluk CLONO

KLAMBI

SAYAK

Njaluk SUNAT

Saiki, DELOK..!!

Bapak’em SEMAPUT iki lho..!

 

Kursin        :

Kok kene sing disalahno..

Wong Mak’e sing ngeduyu njaluk nanggap SINDIR ngono kok

 

Triman       :

Wis, Pak’e…

Aku ra sido njaluk sunat, Pak’e

Pak’e ojo semaput leh, Pak’e

Kursin        :

Iyo, Pak’e

Aku yo ora sido njaluk clono, Pak’e

 

Tarsih        :

Aku yo iyo, Pak’e…

Aku yo ora sido njaluk sayak, Pak’e

Nang tangi, Pak’e

 

Murkiyem   :

Wis, Pak’ne.. nhang tangi

Ora nanggap SINDIR yo ora PATHEK’EN

Piye iki, Man…?

Ndak’e, Man..

Celukno Pak Mantri kono, Man..!

 

Triman       :

Pak Mantri SOPO, Mak..?

 

Murkiyem   :

Pak Mantri KARJO lalah

Sing parek

 

Triman       :

Lha ongkose, piye, Mak..?

 

Murkiyem   :

Gawakno GAPLEK toh KARAK kono lho..!

 

Triman       :

Mosok gelem, leh, Mak..?

 

Murkiyem   :

Yo, EMBOH..

Nha terus PIYE IKI…

Bapak’em athik SEMAPUT barang

 

Triman       :

Iki dhuwik’e SOPO, Mak’e..?

SEKET EWU iki..?

 

Pairun        :

Mendengar Triman menyebut uang SEKET EWU, Pak Pairun mendadak siuman dari pingsannya dan mencari uang yang dimaksud Triman

Dhuwik ku..

Endi…??

Endi…??

Endi, Man…?

 

Murkiyem   :

O…

Mata-matanen dhuwik

Wong semaput krungu ono nemok dhuwik kok jenggiratan

 

Pairun        :

Endi…?

Man…?

 

Triman       :

Opo, Pak’e..?

 

Pairun        :

Dhuwik’e SEKET EWU,

Endi..?

 

Triman       :

Tak BODHONI….

 

Pairun        :

Ora ono…?

Mbuk bodhoni…?

Yo wis tak semaput maneh wae aku

 

Murkiyem   :

Wis…

Ayo ditinggal…

Mbadak’i Bapak’em

 

Tarsih        :

Kursin        :

Triman       :

 

 (bersama-sama)                       Ayo, Mak…Mbadak’i Pake

 

 

 

 

                          S   E   L   E   S   A   I


Telah dipentaskan dalam perpisahan oleh MI Islamiyah Sumberjo Merakurak Tuban TP 2009-2010

Komentar

Foto Agus Salim Mjk

drama yang mendidik

Isinya menarik dan berguna untuk didik dan masyarakat

Foto muhammad salim

Makasih Pak, masukannya

Makasih Pak, masukannya

Foto Navia Nisa

izin aku copas buat

izin aku copas buat penampilan seni budaya di sekolahku yha...

makasih sebelumnya...

Foto Navia Nisa

+++

ijin sedot gan... +++

Tulis komentar baru

Materi isian ini bersifat rahasia dan tidak ditampilkan ke publik.


Terpopuler Hari Ini

Sebulan Terakhir

Terpopuler