yen atimu
yen atimu dudu watu
gene tego nyawang sepiku
gene mentala ngumbar perihku
gene tegel nyuwil ati ringkihku ?
yen atimu dudu watu
kudune maelu tangise anak-anakmu
sing tansah ngimpi lan antu-antu
kowe lan aku nyawiji ing tresna biru !
yen atimu dudu watu
kapan lilihmu
nyawiji ing rengkuh asihku
nambani tatu atiku,cah ayu..??
Guspur
Jambi 2 Nov"2012
Komentar
Tulis komentar baru