Skip to Content

Bocah Angon (2)

Foto muhammad salim

BABAK 2

 

Panggung sepi. Properti hilang. Tidak berapa lama Gembala memasuki panggung, berada di level 3, bemudian bergeser ke level 1, dan terahir berada di level 2

Gembala

Keluar sambil menuntut kambing gembalaannya. Ia menoleh ke arah jauh, ke kanan, ke kiri.

 

:

Angon ning ndi … ngene iki …

Kae…, ORO-ORO

Bero

Kono kae yo bero …

Kono kae WATU thok.

Mangan opo wedhusku ning kono

Mosok tak golekno rambanan?

Wite sopo tak jaluki rambanan?

 

:

Ah, lha angon ning ndi?

 

Berpindah tempat sambil tetap menuntut kambing gembalaannya

 

:

Kono kae,

Malah WARUNG thok

Kae warung SEGO PECEL,

Kae warung TOAK,

Kae malah warung TOGEL

 

:

Ehm, mboh, ra pinter aku

 

Kemudian anak gembala itu megusap-usap kepala kambingnya

 

:

Dus…,

Kowe njaluk tak ngon ning ndi?

Iki wayahe ketigo engkak-engkak.

Ora ono palaran.

Toh muleh wae?

Kowe lesu leh?

Tak tukokno sego pecel yo?

Gelem kowe?

 

Kambing itu pun tetap diam tidak menjawab. Maka dengan nada emosi dia membentak kambingnya

 

:

DUS!!!

Semaur leh…!

Ditakoni… dijak geneman kok meneng wae

Tak dol engko kowe !

 

Kambingnya tetap diam

 

:

E …

Lha uwong kok nyeneni wedhus

Lak yo malah dadi bento aku

 

Sambil menggaruk kepalanya, gembala itu menyadari kebodohannya, kemudian ia kembali berbicara kepada kambingnya

 

:

Tak engon ning kene wae yo…?

Tapi iki suket ingonan

Kowe kudu anut aturan

Kowe ora oleh NLETHONG

Kowe ora oleh NGUYOH

Kowe ora oleh MLUMPAT PAGER

Yo…?

Nek kowe ra nurut, sing susah aku

 

:

Wis kowe saiki nang golek mangan kono.

Tak tunggoni ning kene

 

Kemudian Gembala itu mengikat kambingnya dan duduk bersandar menunggui kambing gembalaannya.

 

:

Nha MANGAN leh,

Aku ora pe nendi-nendi,

Ojo MBAK… MBEK… wae

Tak tunggoni… tak tunggoni…

Nha mangan…

Nha wareki menisan

Awas lho nek kowe NLETHONG!

Tak SEMBELEH tenan kowe

 

Gembala itu terus menunggui dan mengawasi hewan gembalaannya. Karena kambing gembalaannya tidak juga makan dan terus meronta, gembala itupun menegur kambingnya

 

:

Nha mangan sing warek leh…

Py…? Ora enak…?

Iki suket iki …

Anggitem KARPET?

Pokoke angger ketok ijo nha di pongan pangan wae lho…!

Athik kuwi karpet. Athik opo

Dus,

Ojo marik-marik yo…

Tak tinggal sedelok

Aku kudu NGUYOH

Wis KEBELET

 

Kemudian Gembala itu meninggalkan kambingnya untuk buang air kecil, namun setelah kembali, betapa kagetnya dia, melihat kambingnya sudah buang kotoran

 

:

Eh…SADUBILLAH…

Nha kowe kok NLETHONG leh Dus!

Wis tak kandani ora oleh NGUYOH

Ora oleh NLETHONG

Ora oleh MLUMPAT PAGER ngono kok

Nha ngene iki piye… saiki?

 

Dengan sikap kebingunan, dan menggaruk-garuk kepalanya

 

:

Iki engkok nek konangan SATPOL PP sing loro aku DUS

Ngene iki aku sing kenek DENDHO

Luwung nek muk dikon ngeruk TLETHONGEM wae

Nhanek sampek kowe digowo sabagai terdakwa piye?

Gelem kowe?

 

Kesal karena kambingnya tidak memberi jawaban, dia kembali membentak kambing gembalaannya

 

:

Kowe MBAK…MBEK wae

PLONGA – PLONGO…

O … Rupaem koyo WEDHUS

 

:

Eh… piye iki…

Tak keruk yo ora ono IKRAK…

Mosok tak cakup tangan nho…?

NGGILANI …

Eh… nyusahno wong wae DHUS kowe iki

 

Belum habis kebingungan si gembala, mendadak muncul 2 orang SATPOL PP

Satpol PP 1

:

(meniup peluit)

Priiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiittttttttttttttttttttt………………...

Prit …Prit… Prit… Prit…

Ape opo aku mau …?

Gembala

:

Lha yo emboh… kok malah takon

Satpol PP 2

:

Heh… operasi

Satpol PP 1

:

O … iyo…

Operasi … operasi

Satpol PP 2

:

Sepurane, yo…

Kowe tak operasi …

Satpol PP 1

:

Halah…

Ape operasi kok nganggo sepurane barang

Kesuwen

Satpol PP 2

:

E … wong podho podho rumate pengeran

Gembala

:

Operasi opo leh, Pak?

Satpol PP 1

:

E … penake toh nek takon…

Operasi opo?

 

Satpol PP 1 bertanya kepada sSatpol PP 2

 

:

Iki operasi opo…?

Satpol PP 2

:

Hmmm…

Mulai uteke ngaleh ning dengkul

Sepurane…

Operasi tata tertib

Satpol PP 1

:

Nha… iyo…

Operasi TATA TERTIB

Dadi kowe  angon ning kene iki yo kudu dioperasi

Melanggar aturan toh ora

Nek melanggar aturan yo kowe kenek ukuman

Gembala

:

Ukumane opo, Pak?

Satpol PP 1

:

Yo tergantung pelanggarane

Nek wedhusem NGUYOH, kowe kudu ngepel

Nek wedhusem NLETHONG kowe yo kudu ngeruk.

Utowo mbuk cakup nganggo tangan

Gembala

:

Ha…

Dicakup tangan Pak…?

Tapi wedhusku ora nlethong leh, Pak.

Satpol PP 2

:

Sepurane, yo…

Yo karek …

Satpol PP 1

:

Heh …

Wis aku wae sing omong.

Yo karek engko karuane

Satpol PP 2

:

Sepurane …

Saiki ayo…

Satpol PP 1

:

HEH …

Aku wae sing omong

Saiki ayo di prikso

Wedhusem NLETHONG toh ora

Gembala

:

Wedhusku ora nlethong Pak…?

Nha delok leh …!

Satpol PP 2

:

Sepurane, yo …

Nek wedhusem …

Satpol PP 1

:

E …

Uwis leren …

Aku wae sing omong …

Nha nek wedhusem ora NLETHONG yo ora usah wedi

Satpol PP 2

:

Dadiyo ngono …

Aku kok pandek mbuk Sẽ….rẽk wae

Aku iki yo APARAT

Satpol PP 1

:

Kowe kuwi kesuwen …

Opo-opo saitik kok nganggo sepurane

Iki ora wayahe RIYOYO

Sepurane iki engko wae nek RIYAYAN

Wis ayo diprikso saiki

 

Kemudian kedua Satpol PP itu memeriksa tempat sekitardimana  kambing tadi digembalakan. Dan kemudian

Satpol PP 1

:

Lha …

Iki ono TLEHONG wedhus …

Iki mesthi TLETHONGE wedhusem iki …

Gembala

:

Ora Pak

Iki ora TLETHONGE wedhusku iki

Satpol PP 1

:

Nha terus TLETHONGE wedhuse sopo …?

Ning kene ora ono sing angon meneh sak liyane kowe

Mosok iki TLETHOGEM, Pol…?

Satpol PP 2

:

Sepurane

Aku ora tau NLETHONG

Sepurane …yo..

Paling kuwi yo TLETHONGEM, Pol…

Satpol PP 1

:

Mbuk awur wae…

Wis ngaku …

Iki msthi TLENGOE wedhusem iki

Ning kene ora ono wedhus sak liyane wedhusem

Gembala

:

Ora, Pak…

Nha delok leh …

Iki paling wis gek ingi iki

Satpol PP 1

:

Halah …

Ape mbuk tipu aku

Aku mono Satpol PP professional

Wis bar sertifikasi aku

Nek TLETHONG gek ingi mesthi lak yo wis garing

Lha iki isek teles ngene kok

Lho wedhusem wae isek nyungar nyungir ngono kok

Wis … nha ngaku …

Satpol PP 2

:

Sepurane, yo …

Nha ngaku wae lho…

Ben urusane gampang

Sepurane

Gembala

:

Ayo saiki buktekno …

Nha takoni wedhusku

Satpol PP 1

:

Anggitem aku iki KENTHI

Uwong kok nakoni wedhus…

Mbuk sampek NJLEBUT uwanem yo ra pe dijawab

Gembala

:

Nha kan nggolek pembuktian leh Pak

Nek ra mbuk takoni,

Nha sopo sing pe ngakoni iki TLETHONGE sopo

Satpol PP 2

:

Sepurane, yo …

 

Mendengar temannya terus mengcapkan kata sepurane, Satpol PP 1 berteriak

Satpol PP 1

:

Ojo pandek SEPURANE WAE …

Kaet gek mau kok sepuraaaaaaaane wae

Kudu opo aku mau …?

E … iyo…

Du nangis aku … ngrasakno kowe

Iki ora riyoyo iki …………………..

Sing tegas ngono lho …!

Kondisi gawat kok pandek separ – sepur wae

Ikii gawat iki

Nek sampek ora ketemok sopo sing NLEETHONG

Kowe karo aku iso DIPECAT

GELEM kowe

Satpol PP 2

:

Yo sepurane wae…

Aku emoh nek dipecat

Satpol PP 1

:

Nha iyo …

Kok pandek separ – sepur wae

Nha di introgasi sing keras

Pokoke kudu ketemok sopo pelakune iki

Satpol PP 2

:

Heh … ( dengan nada  membentak )

Sepurane yo …

Nha ngaku…

Sopo sing NLETHONG iki …?

Gembala

:

Nha kok aku leh, Pak, sing mbuk bentelno

Satpol PP 2

:

Sepurane,

Nha sopo maneh…

Sing ANGON ning kene muk KOWE dewe

Sepurane, yo …

Nek kowe ra gelem NGAKONI…

Sepurane …

Wedhusem tak SANDRA sebagai barang bukti

Piye …? Sepurane lho yo …

Gembala

:

OJO leh, Pak,

WEDHUS iki tinggalane bapakku, Pak

Jare mbokku kon ngrumat sing APIK… jagane suk mben aku sunat

Nha nek mbuk sita, terus piye …

Lak ora sido SUNAT aku …

Satpol PP 1

:

MULANE … Nha ngaku …

Gembala

:

Nha aku ora melok NLETHONG leh, Pak

Kok aku sing mbuk kon ngaku

Satpol PP 1

:

Ora kowe…

Tapi wedhusem …

Iyo toh ora …

Gembala

:

Aku ora eroh, Pak.

Mau aku kudu PIPIS dadi tak tinggal PIPIS sedelok

Aku mbalik wis onok TLETHONG iki

Satpol PP 1

:

Dadi kowe yo nguyoh ning kene menisan

Gembala

:

Ha ….

Keceplosan …

Ora leh, Pak.

Maksudku kuwi aku mau ndelok wong nguyoh

Satpol PP 1

:

Wis… wis …

Ora kenek MUKIR

Mosok ono wong nguyoh kok DIDELOK kuwi

Berarti yo omonganem sing DISIK mau sing bener

 

Kemudian satpol PP 1 memerintahkan kepada Satpol PP 2

Satpol PP 1

:

Wis ayo nang diborgol

Ngenteni opo maneh,

O … kopa-kopo

Satpol PP 2

:

Borgal borgol kuwi sing dingo borgol yo opo …

Printah wae senenganem kuwi

Satpol PP 1

:

Yo wis nha diglandang wae

Ayo digowo ning pak lurah

Gembala

:

Ojo leh, Pak

Kasihanilah aku, Pak

Iyo…iyo aku tak ngaku

Satpol PP 1

:

Wis telat

Iyo ora tetep kowe pelakune

Ayo, nang dikeruk …!

Gembala

:

Dikeruk nganggo opo…

Wong ora ono ikrak kok dikeruk

Satpol PP 1

:

DICAKUP, nganggo tangan!

Gembala

:

Eh … Pak …

Kejam temen, pak

Mosok tak cakup?

Satpol PP 1

:

Yo, kudu

Kudu tanggung jawab

Gambala

:

Piye … iki …

Tak cakup toh ora iki

Satpol PP 2

:

Nang dicakup …!

Sepurane, Yo…

gembala

:

Iyo … iyo  …

HIYEK …

 

Dengan wajah jijik, dan terpaksa, ahirnya gembala itu memungut kotoran kembing itu dengan tangannya

 

:

MISMILLAHIRROHMANIRROHIM….

Satpol PP 1

:

Saiki ayo melok

Nek ape ngaku nha ngaku ning ngarepe Pak Lurah

 

Kedua satpol PP itu kemudian membawa gembala itu menuju ke kantor kelurahan

BABAK 2 SELESAI

Komentar

Foto dhrmaputra

terima kasih postingnya.

terima kasih postingnya. Membantu banget. Saya lagi belajar buat screenplay berkaitan cerita budaya. hen duo xie. :)

Tulis komentar baru

Materi isian ini bersifat rahasia dan tidak ditampilkan ke publik.


Terpopuler Hari Ini

Sebulan Terakhir

Terpopuler