Skip to Content

Muqodimah Sastra Jawa Banten

Foto Sastra Etnik Banten
Muqodimah
oleh Muhammad Rois Rinaldi


I
Kēlawan nyēbut asmane Gusti Allah, kang murah ing duniē tur kang asih ingdalēm akhirat. Botēn wentēn kulē lamun botēn diciptakakēn. Botēn wentēn puisi-puisi niki, lamun Gusti Allah botēn ngarsani maring napē-napē sing kule tulis. Mēnawē kēlawan karsane Allah, kulē ugah antuk ridhone. Kēduli-duli sēngsarane kulē lamun sing kulē tulis botēn antuk ridho saking Gusti Allah. Singmatēk niku, lamun puisi-puisi kulē puniki ngēbaktē kēmudharatan, kulē ngendē alim pangampurane dunia lan akhirat. Lamun wentēn munfaate sēnajan kēdik, mēnawē dirupiyē. Wong dhaif niki, katah botēn pēnēde, katah botēn bēnēre.

Shalawat lan salam kulē dēresakēn saban dintēn kangge Kanjēng Nabi Muhammad shalallahu’alaihi wa salam. Nabi akhir sing ngajari akhlak kang pēnēd maring sēdantēn mēnusē ing duniē. Nabi akhir sing ngēbaktē agamē rahmatan lil ‘alamin sing ngajari eman ning mēnusē lan sēdantēn makhluke Gusti Allah. Mēnawē keluarga, sahabat, ugah sēdantēn sing nutburi maring ajarane diisungi kēbungahan ing dunia tur kēbungahan ing akhirat.

Kulē ngēndē alim pangampurane maring wongtuē kalih kulē, H. Tubagus Muhammad Harofisi lan Siti Maemunah, singmatēk kulē katah khilafe. Atur nuhun sampun ngēdidik kulē lan sampun pērcantēn maring napē-napē sing kulē pēdamēli. Kulē botēn bangkit ngēwalēs sereng napē-napē, singmatēk napē-napē sing kulē dērēbeni botēn bangkit ngēwalēs amalan kēbēcikan Abah lan Ibu maring kulē. Mēnawē Gusti Allah ngisungi Abah lan Ibu kēbungahan duniē lan akhirat.

Kulē ngirimakēn alfithah kangge Mamēnde lan Ibugēde: KH. Syadeli lan Hj. Siti Khadijah. Ugah kangge Abahgēde lan Ibugēde: H. Tubagus Mudar lan Hj. Dafiah. Mēnawē dipadangakēn kubure lan diisungi kējēmbaran ning alam kubur tumēkē dintēn kang akhir. Kulē ugah ngende alim pangampurane singmatēk dereng bangkit dados putu sing pēnēd lan bēcik. Dede singmatēk kirang pēnēde lan kirang bēcike sing ditinggalakēn kangge kulē, ngan kulane sing dereng bangkit ngēngge napē-napē sing ditinggalakēn kēlawan pēnēd lan bēcik.

Kangge guru-guru kulē, kulē ngende ridone kangge sēdantēn ilmu sing sampun diurukakēn maring kulē. Napē-napē sing pēnēd saking kulē singmatēk ilmu sing guru-guru kulē ajarakēn maring kulē, lan napē-napē sing alē rawuh saking kulē sing malēr bodo. Mēnawē kēbodoan kulē botēn ngēdamēl puisi-pusi kulē ngēbēbodo mēnusē lan mēnawē guru-guru kulē botēn bēndu maring kulē.

Kulē ngēdamēl puisi-puisi ing dalēm buku puniki kēlawan ngati-ati. Sios waktos kulē ngērasē kēdah nulis, sios waktos kulē wēdos, ting bating napē sing kulē tulis botēn wentēn faedahe. Ngan kēpēripun ugah, kulē sing botēn ngēdērēbeni napē-napē puniki ngan bangkit ikhtiar mēnawē sēnajan kēdik wēntēn munfaate.

II
Ingdalēm mangsē ngēdamēl puisi sing ngengge bahasē Jawa Bantēn, kulē katah-katahe ngēngge bahasē Serang lan Cilegon. Singmatēk kulē lahir ning Serang lan sedintēn-dintēn kulē urip ning Cilegon. Niki kulē omong, supados bangkit diuningi, sēnajan botēn wentēn bentēn sing tebih antarane wong sing ngēngge bahasa Jawa Banten, wēntēn saos bēntēne sios atanapi kalih kalimah, ingdalēm kalimahe atanapi ingdalēm artine. Lan sēuning kulē, dereng wentēn musyawarah sing mufakat kangge bahasa Jawa Banten pundi sing didadosakēn bahasē baku kangge ditatrapakēn maring tulisan-tulisan rēsmi.

Kule botēn ngilakangēn napē sing sampun diwentēnakēn maring rencang-rencang kulē sing sampun damēl kamus Bahasa Jawa Banten. Niku pēnēd lan katah munfaate. Napē sing dipēdamēli rencang-rencang niku, sampun pas kēlawan napē sing sēpuniki dibutuhakēn. Ngan kamus-kamus niku dereng bangkit didadosakēn cēcēpēngan sēdanten wilayah Banten—sēpērtos cepe kulē ning arēp—singmatēk dereng wentēn musyawarah lan mufakat bahasa bakune. Wong sing ning Serang katah-katahe ngēngge istilah Jaseng (Jawa Serang), wong Cilegon katah-katahe ngēngge istilah Jagon (Jawa Cilegon), lan wong Tangerang, utamine sing ngēngge jawa kados Kresek lan sēkalangane, ugah sēdintēn-dintēne ngēngge bahasa Jawa sing wentēn saos bēntēne lamun dibandingakēn sereng Cilegon.

Niku sios. Seliane ingdalēm bab tulisane atanapi ejaane. Contone wēdi lan wēdi. Kēdah wentēn bentēne dipuni botēn kēsēliru ngēdeken lan ngartosakēn pundi “wēdi” sing artine ingdalēm bahasa Indonesiane “pasir” lan pundi “wēdi” sing arti ingdalēm bahasa Indonesiane “takut”. Dados sing kulē maksud, kamus puniku bisuk kēdah ditērekahi sarēng-sarēng dipuni bangkit dibakukakēn. Atanapi ayun didamēl kamus khusus Jawa Cilegon, Jawa Serang, lan Jawa Tangerang? Katuran. Kangge damēl sing mengkotēn botēn bangkit ditērekahi piambēkan (dewekan). Kēdah wentēn kumpulan sereng wong sing kintēn-kintēn ngēderēbeni ilmu atanapi sing biasē ngēraksē maring bahasa saking sēdantēn wilayah sing ngēngge bahasa Jawa Banten, ugah pemerintah Banten. Singmatēk ngebutuhakēn waktos lan bandē sing botēn kēdik.

III
Ning riki kulē kēdah ngaku, nulis puisi sereng Bahase Jawa Bantēn dede pēdamelan gampang. Katah sing ngēdamēl kulē megap ēsah, singmatēk sampun biasē nulis puisi kēlawan bahasē Indonesia. Nulis puisi ngēngge bahasa Indonesia kelawan nulis puisi sereng bahasa Jawa Banten rupine bentēn jasē. Bēntēn sing paling tebih ēnggih puniku struktur kalimat lan panggonan “kata” ingdalēm panggonan budayē mēnusē sing botēn wentēn pepadane maring bahasē lian, sēnajan lamun digogoni kados-kadose wēntēn ingdalēm bahasē Indonesia, ngan botēn natrap maring napē sing dikarēpi kēlawan maksud ingdalēm bahasē Jawa Banten. Dadose angga-angganane kulē kēdah ngilari dewek wujud puisi bahasa Jawa Banten kelawan ngēwace malih macapat, jawokan, (mirēng) surahan kitab kuning, omongan sēdintēn-dintēn, ugah natrapakēn napē-napē sing sēkintēne bangkit ditatrapakēn saking puisi bahasa Indonesia maring bahasa Jawa Banten.

Katah-katahe puisi sing kulē tulis ngēngge bēbasan, ngan wentēn sios atanapi kalih puisi sing kulē tulis kēlawan Jawa Banten sing biasē diēngge ngomong sedintēn-dintēn sereng sēpantaran. Kulē ngēngge bēbasan dede ayun damēl aturan puisi: kēdah bēbasan. Botēn bēbasan ugah rupine botēn napē-napē, sēwadine. Ngan kulē sēdintēn-dintēne, terutami lamun ngomong sereng wong sing luwih tuē saking kulē ngengge bēbasan. Saking arah punikulah kulē luwih dēmēn ngēngge bēbasan.

Kulē uning, sēpuniki sampun jarang wong sing bangkit bēbasan. Bakal katah sing botēn ngērtos. Ngan niku botēn damel kule kēpundur. Dipuni. Mēnawē sereng wentēne buku puisi niki, bangkit ngēdamel wong Banten sing botēn bangkit bēbasan ayun gēgēnahu malih ngengge bēbasan. Singmatēk kēpēripun-kēpēripun ugah, sing arane bahasē puniku kēdah digēgeyongi dipuni botēn kelalangan lali maring badan dewek—boten kelangan lali maring sējarah lan budayane dewek.

Sēliane niku, kulē nērbitakēn buku puniki, singmatēk katah sing tētaken, kēlipun botēn wentēn karya sastra Banten modern sing ngēngge bahasa Jawa Banten. Dados, kulē sēliane ayun ngējawab pērtakenan puniku, ugah ngē-gong-i rencang-rencang sastrawan Banten kangge sarēng-sarēng nulis puisi, cerite, atanapi novel ngēngge bahasa Jawa Banten atanapi bahase Sunda Banten, atanapi Betawi Banten. Dipuni bahasē sing wentēn ning Banten puniki bangkit dirupiyē. Mbokan 20 taun malihmah, bahasē Banten sampun botēn diēngge malih, singmatēk sampun padē dēmēn ngēngge bahasē Indonesia.

IV
Rupine ngan semongko sing bangkit kulē tulis ingdalēm muqodimah niki. Kulē rumasē, katah kēkirangan ingdalēm buku puisi sing tak isungi judul Beluk niki. Menawē bangkit diampurē. Kule ngēnde diuruki maring sēdanten wong sing ngewacē buku niki, dipuni kulē bangkit gēgēnahu lan bangkit mēnēdakēn napē sing kirang pēnēd.

Komentar

Tulis komentar baru

Materi isian ini bersifat rahasia dan tidak ditampilkan ke publik.


Terpopuler Hari Ini

Sebulan Terakhir

Terpopuler