Skip to Content

Lara Untu

Foto muhammad salim

LARA UNTU

Sore menjelang senja, kesunyian suasana rumah Pak Doso tiba tiba tiba dipecahkan oleh suara rintihan Pak Doso dari ruang tamu yang menahan rasa sakit di giginya. Namun harapan Pak Doso untuk bisa segera mendapatkan obat tidak terwujud karena istrinya asyik update status FBnya, juga dikarenakan istrinya tidak punya uang untuk beli obat karena Pak Doso tidak memberinya kebutuhan dikarenakan sibuk menikmati hobi caturnya.

Pemecahan masalahnya, Pak Doso harus membawa sakit giginya kepada seorang Kyai / dukun dengan harapan bisa sembuh dengan mantra dan do’a darinya. Ketika Pak Doso merintih menahan rasa sakit ternyata Mbah Dukun tersebut belum juga mengobatinya karena sedang sibuk membuat hanger baju.

Fragmen 1

                Suasana ruang tamu sepi. Tidak banyak perabot terpajang di sana. Hanya ada satu amben tua. Mendadak Pak Doso muncul sambil memegangi pipinya yang terlihat bengkak. Dengan suara rintihan menahan rasa sakit yang sangat  

Pak Doso

:

Ss ss ss ss

Hh hh hh hh hh hh

Hh hh duhh…..hhhhh

Aduhhhh cahhhhh

Hehhhhhhhhh

Masya ALLAH Gusti

Larane Mbok

Aduhhhh biyungggg

Hhhhuuuuuhhhhh

---

Bune …

---

Bune …

Ndak’e tulung tukokno obat mono bune …

Hhhhhdduuuuhhhhhh

Sambil menunggu jawaban atau istrinya bakal datang, ia duduk menunggu sambil memijit mijit kepalanya

Pak Doso

:

Man ...

Sssssshhhh ...

Aduuuhhh ...

Man ...

Aduh cah ...

Kirman ... (nada sedikit keras)

Ndak’e bapak tukokno obat, Man

Man ...

Tak berapa lama kemudian, Kirman keluar dengan membawa buku palajaran karna mau mengerjakan tugas sekolah

Kirman

:

Keluar sambil menggaruk garuk kepala dan mengoyak-koyak rambutnya

Cah ... cah ...

Aku timbang nggarap PR basa inggris ngene iki

Aluk ora sekolah wae aku

Juemberen aku

Sinau kok barang ora karuan

I --- yo diwoco (ai)

Y --- diwoco  (wai)

Ono maneh KUCING, tulisane ---cat--- diwoco (ket)

E ... mboh ... mboh ... mboh ...

(sambil menggaruk ggaruk kepalanya)

Iki piye iki ...?

Nek Buku iku ... (The Book)

Nek tibo opo terusan ...

E .... mboh ... mbohhh ...

Pak Doso

:

Man ...

Bapak tukokno obat mono cung

Hhhhhhh

Kirman

:

Pak ... Pak ...

Wong nggarap PR wae ora iso ngene kok

Basa inggrise tibo opo pak?

Nek nyekel opo pak?

Nek geger loro opo pak?

Dudohno leh pak ...

Pokok’e nganggo THE, Pak

Pak Doso

:

Bapak iki loro untu, Man ...

Hhhhh

Kirman

:

Nek nyekel, opo, Pak?

Pak Doso

:

Hhhhh, ..... (sambil memegang rahang yang sakit)

Hhhh, untune bapak iki loro

Kirman

:

E ... nyekel iku THE---Mek

Nek geger loro opo, Pak

Pak Doso

:

Ojo ngomong wae, Man...

(sambil berdiri memegangi pinggangnya)

Kirman

:

E ... nek geger loro iku ... THE---Gek

Nha nek basa inggrise tibo opo, Pak?

Pak Doso

:

Gusti ALLAH, .....

Man ... ojo ndrememeng wae, Man ...

Bapak iki loro untu nek kowe omong wae tambah loro

(sambil menjatuhkan diri dengan gaya tengkurap)

Kirman

:

E ... nek tibo iku ... THE---Losor

Eh ... eh ... eh ...

Bapakku puinter basa inggris lhe

Ra usah ngomong wae wis puinter Pak’e iki

Neh ... neh ... Pak

Nek krungu bledeg basa inggrise opo pak?

Pak Doso

:

Uwis, Man ...

Uwis ... (sambil bergerak menunduk dari posisi berdiri)

Bapak iki semaput tenan engkok

Ndang tukokno obat wae lho!

Kirman

:

E ...

Nek krungu bledheg kuwi

Basa inggrise DHE---Mek

Eh ... eh ... juara lhe bapakku

Pak Doso

:

Uwis Man ...

Nha mire nek ora gelem nukokno obat

Celukno mbok’em kono

Bune ...

Kirman

:

PR ku wis bar

Sesuk oleh satus iki

Pak’e puinter basa inggrise tibane

(sambil berlalu meninggalkan Pak Doso di ruang tamu)

Pak Doso

:

Bune …

Ss ss ss ss

---

Wong iki ning ndi cah …?

Hh hh hh hh

Ono wong lanang loro kok ora malah ditunggoni

Bune …

Hhhhaaadddeeehhh

Bu Doso keluar sambil senyum senyum memandangi HP yang dipeganginya

Pak Doso

:

Kowe ki ko ngendi wae leh, Bune…Bune …

Bu Doso

:

Opo toh, Pakne …

Lagi  Facebook-an ki lho

Sik toh, tak update status sik

Sambil senyum senyum dan terus pencet pencet keypad cellularnya

 

:

Lagi ...GA ... LAU ....

(gaya mengeja)

G ... A ... L ... A ... U ... niech

Tetep cemungud ...

Pak Doso

:

Astaghfirullah,

BUne… bune…

Hm hm hm hm ...

Lha mbuk ggrayangi jithok

Bu Doso

:

E … ganggu wae kowe iki

Ono opo?

Pak Doso

:

Ya ALLAH,

Bune …

Mbuk yo nyawang kahanan leh cah …

Ono wong lanang loro kok ora diopeni

Tulung aku terno suntik

Kok malah Facebook-an

Nyebut…nyebut … Bune …

Kowe kuwi uwis tuwek …

Bu Doso

:

Sampeyan iku lho Pakne,

Nek ono wong seneng kok ora ikhlas

Pak Doso

:

Ora ikhlas piye…

Mbuk tulung terno suntik toh tukokno obat

Bapak iki lagi loro untu Bune …

Hh hh hh duhhhhh ...

Bu Doso

:

Ono wong Facebook-an yo ganggu wae

Ngono kuwi jenenge ora ikhlas nyawang wong seneng

Pak Doso

:

Ss ss ss ss  ...

MasyaALLAH

Nha kok penting facebook timbang ngopeni wong lanang

Wong suntik ning Pak Mantri parek iki wae kok

Hh duhh cah ...

Bu Doso

:

Yo podho wae,

Sampeyan yo penting skak timbang ngopeni anak bojo

Suntik  iku ndi duwik’e

Bune ora nyekel duwik Pakne

Pak Doso

:

Nganggo duwikmu sik leh Bune

Sesuk tak ijoli

Bu Doso

:

Aku ora nyekel duwik Pakne

Karek nyekel 10ewu jagane pulsa iki lho

Nha kayane sampeyan skak endi

Pak Doso

:

Nha skak kok ditakoni kayane

Ye sesuk nek bar macul ning kang Giman

Lagek  oleh koyo

Bu Doso

:

Nha ora oleh koyo wae kok mbuk lakoni

Nha mosok aku karo anakmu arep mbuk pakani skak

Pak Doso

:

Nha hobi toh Bune

Bu Doso

:

Hobi …!

Mbadak’i hobi mosok wareg?

Yo sakiki untune sampeyan tambani mbek hobi wae

 

Ketika mereka berdua sedang bersitegang, mendadak Kirman muncul lagi

Kirman

:

Mbok ...

Bu Doso

:

Opo meneh Man...

Nyarweteh wae ...!

Kirman

:

Iki lho Mbok

PR ku basa inggris kurang

Basa inggrise bocah ora pinter opo Mbok

Pokok’e nganggo THE

Bu Doso

:

THE --- LeDek

Kirman

:

The---LeDek ...??? (gaya berfikir sambil menggaruk garuk kepalanya)

Eh ... iyo kok lhe

The LeDek ...

Pak Doso

:

Yo ojo ngono toh, bune

Yo wis nek ora ono jagane suntik

Tulung terno ning mbah dukun wae

Bu doso

:

Yo podho wae toh Pakne

Masiyo ning mbah dukun lak yo gowo gulo kopi

Pak Doso

:

Ora usah

Gawakno rokok ulung lak uwis

Bu Doso

:

Nha duwik’e endi

Pak Doso

:

Ora usah dhuwik bune

Gawakno rokok ulung wae

Bu Doso

:

Lha iyo ...

Dhuwik jagane rokok ulung kuwi lho Pakne ... ndi ...?

Kirman

:

Mbok ...

Bu Doso

:

Opo meneh, Man .....???

Kowe kok ruwet wae

Kirman

:

Iki lho Mbok ...

PR ku ijeh kurang

Bu Doso

:

PR opo meneh ...?

Kirman

:

Basa inggris Mbok

Bu Doso

:

Mbuk yo digarap dewe

Takon wae

Kirman

:

Nek iso lak wis tak garap dewe

Ra usah takon

Basa inggrise bocah ora semangat opo, Mbok?

Bu Doso

:

Ngono wae kok

Nganggo The toh?

THE---LeWer

Kirman

 

Kok ... The---LeWer

Iyo kok lhe ...

Kok yo cocok ...

Bu Doso

:

Nha ndi Pakne duwik’e?

Pak Doso

:

Utang Pak Met sik kono lho Bune

Sesuk nek bar mbandek disauri

Bu Doso

:

Utang maneh ...

Utang maneh ...

Ko nek utange wis sak gulu karek minggat

Pak Doso

:

Sesuk cah...

Sesuk disauri

Nha ayo, selak mbah dukune metu

 

Akhirnya Pak Doso dan Bu Doso pergi ke rumah Mbah Dukun yang bisa menyembuhkan sakit gigi

 

 

 

Fragmen 1 selesai

 

 

 

 

Fragmen  2

 

Tak berapa lama mereka sampai dirumah Mbah Dukun.  Suasana di rumah Mbah Dukun, seorang cantrik sedang menyapu.

Cantrik

:

E ...

Nyantrik wis 20 tahun kok ora mundak pangkat

Mulai nyantrik nganggo blangkon

Sampek sakiki nyantrik nganggo dasi

Bayaran yo ora mundak mundak

Tetep ... wae, opahe sajen

Wong macul wae sakiki wis 50ewu

Mangan cukup

Rokok

Wedang

----

Anggitku

Nyantrik ning kene iki karo sinau

Piye carane dadi dukun

---

Tapi mbah dukun iki muedhite mesuwur

Nha suwuk sitok wae lak ora ono sing diulangno

Angger tak jaluk’i carane nyuwuk

Ono ... wae alasane

Sing jare urung cukup umur

Sing jare abot posone

---

Ojo meneh kok suwuk sing iso marahi sugeh

Suwuk loro untu wae ora diulangno

Wis ...

Jan ... mesuwur medhit tenan

---

Iki wis bengi ngene yo kok ora ono tamu toh

Sedino kok ora ono pelanggan blas

Nek ngene carane yo sido ora bayaran ulan iki

MbahDukun

:

Hayo ...

Nha ngrasani aku ...

Cantrik

:

Mboten  ... mbah

Mbah Dukun

:

Mboten  ... mboten...

Kowe gremang gremeng anggitem ora krungu aku

Dadi cantrik kuwi mbok sing sabar

Ojo ngersulo wae

Cantrik

:

Nha kok ora ngersulo piye Mbah

Mergawe harian wis 50 ewu mangan cukup

Sak wedange

Sak rokok’e

Nha opahe cantrik kok ora mundhak mundhak iki piye

Mbah Dukun

:

Sabar toh ...

Suk mben wayahe sugih lak sugih

Kono nang mlebu

Jupukno peralatanku

Cantrik

:

Peralatan sing ndi Mbah?

Mbah Dukun

:

Lha yo biasane

Kok takon

Cantrik

:

Yah mene kok ngetokno peralatan leh mbah

Mosok ono tamu

Mbah Dukun

:

Wis toh ... nha cepakno per-alatanku

Aku mau oleh wangsit

Jare bengi iki ape ono tamu

Cantrik

:

Halah ...

Paling tamu kesasar

Bengi  bengi kok ngenteni pasien

 

Cantrik hendak beranjak masuk untuk mengambil peralatan mbah dukun, tiba tiba terdengar orang mengucapkan salam

Bu Doso

:

Assalamu’alaikum

Mbah Dukun

:

Lho ... yo ... toh ...

Dikandani kok

Aku mau wis oleh wangsit

Wa’alaikumsalam

Mlebu... kene pinarak ...

Bu Doso

:

Nggih Mbah

Nuwun sewu nggih ...ngrepoti

Mbah Dukun

:

Ono perlu opo iki?

Kok bengi bengi?

Bu Doso

:

Niki lho Mbah Dukun

Bapak’e ... untune aboh,

Melung wae kaet sore mau

Mbah Dukun

:

Wo ... lha kurang resik’e

Nek resik lak yo ora loro

Pak Doso

:

Kulo nggih pun sikatan toh Mbah Dukun

Ssssss

Haduh cah ..........................

Mbah Dukun

:

Nek wis resik yo ora usah sikatan

Lha eyang subur iku untune resik yo ora loro

Yo ora usah sikatan

Bu Doso

:

O ...

Jenengan niku Mbah

Mbah Dukun

:

Terus piye iki ...?

Maksudem rene ape opo?

Tak apakno?

Pak Doso

:

Hhhhhhhh ...

Nha kok piye ...?

Yo tulung dimarekno Mbah

Nek ngene terus sido ra mergawe sesuk

Aduh cah ...

Mbah Dukun

:

Yo ... enteni nha lungguh sik

(kemudian Mbah Dukun mengambil papan kayu, paku dan palu, kemudian mulai memukul paku paku itu dengan palunya)

Bismillah ...

(terdengar suara thok ...thok ...thok ...)2X

Wis mari...?

Pak Doso

:

Urung Mbah

Nha golekno suwuk sing rondhok mandi leh Mbah

 

 

Mbah dukun

 

 

:

Kembali terdengar suara ketukan

(Thok ... thok ... thok ...) 2X

Wis mari ... toh urung?

Bu Doso

:

Wis mari toh urung Pak?

Jo meneng wae

Pak Doso

:

Urung Mbah dukun

Mbah Dukun

:

Iyo...

Sik toh

Sitok kas

 

 

Mbah dukun

 

 

:

Kembali terdengar suara ketukan

(Thok ... thok ... thok ...) 2X

Wis mari ... toh urung?

Pak Doso

:

Urung Mbah ...

Nha piye lah mbah?

Mau jare sitok kas?

Nha kok ora sudo blas ...?

Mbah dukun

:

Nha urung tak suwuk kok

Sik toh

Tak ngebarno iki lho

Bu Doso

:

Nha thak thok mau woh opo no Mbah?

Mbah Dukun

:

Iki lho .....

Lagek gawe centhelan klambi ...

(sambil menenteng hanger baju buatannya)

Bu Doso

:

Eh ... sadubilah

Pak Doso

:

Astaghfirullahal’adhim ......

Sssssss ... hhhhh...

Mbah ... mbah ...

Hmhmhmhmhmhmhm ...

Olehku nyonggo uwang wae sampek semper

Nha kok malah gawe centhelan klambi

Eh ... Mbah ... mbah ...

Kebacut tenan

Aduh... cah ...

Mbah Dukun

:

Sabar  toh ...

Nyuwuk iku yo ngenteni SRI

Nek urung thuk Sri-ne yo ora mandhi

Pak Doso

:

Nhang gagi Mbah ......

Semaput tenan aku iki mbah

Mbah dukun

:

Iyo ... iyo ... Sik toh

Pak Doso

:

Gawane mau endi leh Bune?

Nang paringno

Bu Doso

:

Niki lho Mbah...

Sepurane muk sak ithik

Mbah dukun

:

Ora usah repot  repot ...

 Koyo mbek sopo wae

Wis sak onone

Opo iki...?

Bu Doso

:

Rokok ulung Mbah

Mbah dukun

:

Heh ...????

Sik ... sik ... sik ... (sambil melirik bingkisan yang diberikan)

Tak itunge sik

Sakiki dinane AHAD PON

Ahad kuwi  5

Pon kuwi  7

Jumlahe 12

----

Sik ... sik ... sik ...

Kliyek ... Mentheg ... Jotho ... Kemil ... 2X

Kliyek ... Mentheg ...

Lho ... nek itunganku tibo Mentheg

----

Sik ... sik ... sik ... (menjinjing bingkisan dari Bu Doso)

Nha iki kok ...?

Mosok kliru olehku ngitung no

Tak itunge maneh ...

----

7 karo 5 dadi 12

Kliyek ... Mentheg ... Jotho ... Kemil ... 2X

Kliyek ... Mentheg ...

Lho ... wis bener kok

E ... kliru

Lagek 10 sing tak itung

Kliyek ... Mentheg ... Jotho ... Kemil ... 2X

Kliyek ... Mentheg ... Jotho ... Kemil ...

Lho ... tibo Kemil ...

Mangkane ... lak ... ulung ....

----

Wah ... ora iso ...

Wis balik muleh wae

Ora iso nyuwuk aku

Sakiki  tampane tahun

Gowo ning Pak Mantri wae

Bu Doso

:

Tampane tahun toh mergo rokok ulung Mbah

Mbah Dukun

:

Dinane ora apik

Itunganku tibo Jotho iki

Engko nek aku nyuwuk

Malah aku sing kenek penyakite

Wis ning Pak Mantri wae

Pak Doso

:

Tulung leh Mbah Dukun ...

Aku iki wis ape semaput mbah ...

Mbah Dukun

:

Ora iso ...

Ora wani aku

Sepurane

Gowo ning Pak Mantri wae ben disuntik

Iki suwukku karek suwuk sapi

Ben iso dadi jlakar

Ko nek tak suwukno kowe

Malah  anak’em akeh

Wis nha muleh wae

Ning Pak Mantri wae

Sepurane Pak Doso / Bu doso

Pak doso

:

Aduh cah ....

Hhhhhhh

Sem...ma...put... aku ...

(jatuh tersungkur dan pingsan)

Bu Doso

:

Lho ... Pak’e ... Pak’e...

Lho ... piye iki Mbah Dukun?

Mbah Dukun

:

Semaput yo ben

 Engko lak yo tangi maneh

 

 

 

Fragmen 2 selesai

 

TAMAT

 

 

 

 

Komentar

Tulis komentar baru

Materi isian ini bersifat rahasia dan tidak ditampilkan ke publik.


Terpopuler Hari Ini

Sebulan Terakhir

Terpopuler